Saturday, May 4, 2013

Contoh Atur Pambagyo Arjo

Standard


Assalamualaikum.wrwb

Karahayon, katentreman, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dumateng kawula dalah panjenengan sami. Dumateng panjenenganipun sesepuh pinisepuh ingkang tansah dahat kina bekten, dumateng sedaya ingkang sami rawuh ingkang kawula mulyaaken. Nuwun keparenga ing mriki kawula minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapak saha Ibu Sunaryo bade ngaturaken sedaya punapa ingkang dados penggalihing manah.
Sepindah Bapak saha Ibu Sunaryo ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Asih, karana saking sih rahmatipun ingkang sampun kaluberaken dumateng kawula dalah panjenengan sami. Kaping kalihipun, Bapak Sunaryo sarimbit ngaturaken pambagya wilujeng basuki menggah rawuh panjenengan sami, wonten ing tirakatan sepekenan putranipun ing dalu punika. Bapak Sunaryo sekaliyan mboten kasupen ngaturaken agenging panuwun, awit saking peparing panjenengan sih pisumbang ingkang awujut punapa kemawon. Sedaya punika mboten saged caos piwales punapa-punapa, sagedipun namung memuji dumateng ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Asih, mugi sedaya pikantukan leliru saha sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Asih.
Para rawuh kakung saha putri ingkang kinormatan.
Mugi ndadosna kawunigan, bilih rikala dinten Kamis tgl 20 april 2009, Bapak saha Ibu Sunaryo sampun nampi kanugrahan ingkang tanpa pepindhan saking Gusti ingkang Maha Asih, awit kaparingan momongan mijil estri, ingkang sampun pinaringan tetenger asma sesilih Retno Pujiastuti, mugi-mugi jabang bayi sarta ibunipun wilujeng nir ing sambekala,. Awit saking punika, Bapak saha Ibu Sunaryo nyuwun dumateng panjenengan sedaya, kersa paring pangestu dhumateng putranipun, murih saged dewasa dadosa tiayang ingkang trapsila, saha bekti dumatheng pinisepuh, migunani tumrap Bangsa, agami, sarta dadosa tepa tuladha kagem sadaya.
Minangka kagem pemut ingkang calak sesambetanipun kaliyan wekdal punika kaparenga kawula bade ngaturaken tembang mijil, sanadyan mboten sekeca anangin mugia ngrenani ing penggalih.

Dedalane guna lawan sekti
Kudu andap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur

Tartamtu wonten babagan ingkang saged ndadosaken kuciwaning penggalih, utawi kirang sekeca anggenipun sami lelenggahan, Bapak Sunaryo sagotrah tansah nyuwun agunging pangapunten, saha kawula pribadi tartamtu anggen kawula matur kirang jangkep saha kirang susila anggen kawula ngrakit basa, kawula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Ing wasana semanten atur kawula,

Wasalamualaikum,wrwb.

0 comments: